koleksi ilmu-ilmu hikmah,kisah 2 tokoh sufi.teknologi tips n trik dll

Sabtu, Januari 26, 2013

derah1

Dzat mutlak kang kadim azali abadi.

1.Chayu, tegese urip, kasebut atma.

2.Nur, tegese cahya, kasebut pranawa.

3.Sir, tegese rahsa, kasebut pramana.

4.Roh, tegese nyawa, kasebut sukma.

5.Napsu, tegese angkara.

6.Akal, tegese budi.

7.Jasad, tegese badan.

Dene Dzat iku tanpa tuduhan, amung dumunung ana rambahi ana sajroning urip kita, ananging akeh kang pada katambuhan, awit dening binasakake ora mawa jaman makam, tegese ora arah ora enggon, akanta tanpa warna tanpa rupa , asifat elok dudu lanang dudu wadon dudu wandu, dipralambangi : ”Kombang angajap ing tawang”, tegese : kombang angleng ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : la takyun, saka durung sanyata ing kahanan.

Dene Cahyu iku minangka tajalining Dzat, awit kasorotan saka purbaning Dzat sejati, dipralambangi : ”Kusuma anjarah ing tawang”, tegese : kembang tuwuh ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : takyun awal, dening wiwit sanyata ing kahanane.

Dene Nur iku minangka tajalining Chayu, iya iku dadi sesandaning urip, awit kasorotan saka wisesaning atma sajati, dipralambangi : ”Tunjung tanpa talaga”, tegese : kembang terate urip ora mawa banyu, mula ing dalem martabat kasebut : takyun sani, dening wis sanyata kahanane.

Dene Sir iku minangka tajalining Nur, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi : ”Isining wuluh wungwang”, tegese : ora kawistara isen-isening wuluh wungwang iku,mula ing dalem martabat kasebut : akyan sabitah, dening sanyata tetep ing kahanane.

Dene Roh iku minangka tajalining Sir, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi : ”Tapaking Kuntul anglayang”, tegese : ora mawa labet tapaking manuk kuntul anglayang iku, mula ing dalem martabat kasebut : akyan kajariyah, dening sanyata metu ing kahanane.

Dene Napsu iku minangka tajalining Roh, awit kasorotan saka wisesaning sukma sajati, dipralambangi : ”Geni murub ing teleng samudra”, tegese : kaelokan urubing geni ana sajroning banyu iku, mula ing dalem martabat kasebut : akyan mukawiyah, dening sanyata urip ing kahanane.

Dene Budi iku minangka tajalining Napsu, awit kasorotan saka wisesaning angkara sajati, dipralambangi : ”Kuda ngerap ing pandengan”, tegese : jaran anyander isih kinarung ana sajroning jajaran dadi upacara, surasane pada karo pralambang : lumpuh angideri jagad, mula ing dalem martabat kasebut : akyan maknawiyah, dening sanyata kawedar ing kahanane.

Dene Jasad iku minangka tajaline Wahananing sifat, dadi embane para mudah kang wis kasebut ing ngarep mau, awit kalimputan dening pakumpulaning sorot, pada sumarambah amaratani salir anggaotaning badan jasmani kabeh, mula manawa isih jamaning sifat, dipralambangi : ”Kodok kinemulan ing leng”, tegese : kodok iku ngibarating mudah kang ana sajroning jasad, eleng ing ngibarating jasad sajabaning mudah, iya iku kahaning Dzating Gusti isih kalimputan dening sifating kawula, dene manawajamaning Dzat ing delahan, dipralambangi : ”Kodok angemuli ing leng”, tegese : jasad genti dumunung ana ing jero, iya iku kahanane sifating kawula wis kalimputan dening Dzating Gusti, dadi pada tarik-tinarik, tetep-tinetepan, kaya ing ngisor iki dasare.

DERAH KAHANANING DZAT ING DUNYA LAN ING DELAHAN (ACHIRAT)


Kodok kinemulan ing Leng —— Kodok angemuli ing Leng



wedharing sastra jendra hayuningrat


Ingkang dipun wastani kawruh Sastra Jendra anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dununging kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan. Kawruh Sastrar Jendra Hayuningrat pangruwat barang sakalir, kapungkur sagung rarasan ing kawruh tan wonten malih, wus kawengku sastra-di, pungkas-pungkasaning kawruh, ditya diyu raksasa  myang sato isining wanadri, lamun weruh surasane kang Sastra Jendra saged rinuwat dening bathara, sampurna patinireki, atmane awor lan manungsa, manungsa kang wus linuwih yen manungsa udani awor lan dewa patinipun, jawata kang minulya mangkana  duk miyarsa tyasira andhandhang sastra. Ingandhap punika wedharing kang Sastra Jendra Hayuningrat saking Serat Lokapala.

Pupuh 177
Dhandhanggula

1.      Mas Cebolang kalawan Nurwitri rêsêping tyas de binojokrama tan mantra-mantra yrn nêbe, supêkêt imbal wuwus, dyan tumênggung maringkên aglis, srat Lokapala kawya, dumuginya kondur, risang Rama mring  Ngayodya, lah anakmas kinarya sasamben linggih, jujugên kaca sangga.

2.      Caritane sang Prabu Sumali, ing Ngalengka kala puruita, mring Bagawan Wisrawa-ne, sêrat tinampan sampun, wus binuka turira aris, nuhun kauningana, estu jugul punggung, têmbung tuwin sêkarira , sajêg ulun  sawêg sapisan puniki, sumêrêp sêrat kawya.

3.      Sagêd maos nanging dlêmik-dlêmik, dyang tumênggung alon angandika, lah rêka wacanên wae, ywa nganggo têmbang lagu, wus winaca kalankung rindhik, angel kêdaling lesan, dyang tumênggung nuntun, miwah anjarwani pisan, ragi lanyah nggigit suraosing tulis, têmah kataman rimang.

4.      Wêdharing kang Sastra Harjendra di, wus tinangkêp sêrat kang winaca, makidhupuh trapsilane, ing nayana mawêlu, dyan tumênggung mesêm ing galih, ing tyas tan kasamaran, kalejêming sêmu, minawas wawas jroning tyas, anaratas pantês lamun dentêtêsi, luwês lon angandika.

5.      Babo jêbeng ngagêsang puniki, mrih waspada pandoming kadadyan, kang pasthi ring pangesthine, panjutaning tyas tuhu, tarlen kawruh jiwa sajati, mangsa suryaning alam, wikan kang manglimput, myang pandak panduking driya, kasantaning udaya kang anartani, ing surasa kêrtarta.

6.      Kang kapusthi pangesthining kapti, tan lyan mamang katamaning tingkah, ing tumitah mammrih lanteh, tinêtah siang dalu, tinalisik osiking ati, tiniti mrih tetika, kasidaning dunung, dumunung reh sangkan-paran, aywa samar pamoring kawula Gusti, mangkana duk miyarsa.

7.      Mas Cêbolang matur mangênjali, dhuh pukulun sêmbahan kawula, mugi mêlasa ta mangke, maring pun mudha punggung, kang tuhu tan satmateng gati, ring silastutining tyas, trapsilaning tuwuh, tumuwuh tanpa pituwas, têmah tiwas ing pangesthi tanpa dadi, saking kirang wêjangan.

8.      Ingkang wijang jerenganereki, pakartine ing reh jagad raya, tan mantra uning jatine, marmantakêdah matur, minta tanya kawruh kang jati, jatine kang winastan, kawruh kang linuhung, Sastra Jendra Hayuning-rat, ing nguni kang piningit Jawata luwih, myang kang ran Sastra Cetha.

9.      Mênggah têgêsipun kadospundi, miwah dununging pikajêngira, kang wijang wiji-wijine, dyang mênggung maluya rum, dhuh anakmas kalangkung rungsit, mungguhing patanyanta, Sastra Jendra iku liring sifat kayuwanan, -nira Sang Hyang Endra kang mêngku ling-aling, badaling Hyang Wisesa.

10.  Yen wus wikan ing kajateneki, sayêkti yen têtêp hayuningrat, lire raharjeng jagade, dene ta inggahipung, Sastra Cêtha dipun wastani, liring kang Sastra Cêtha, kalêpasanipun kawaskithaning panunggal, nora samar sangkan paraning dumadi, dumadya mardikeng-rat.

11.  Lire pamijining jagad yêkti, marma tan kenging kengis ing kathah, sinêngkêr ing Batara-ne, kajaba para Dewa ku, kang linilan ing Jawata di, Sang Hyang Sukma Kawêkas, myang jalma linuhung, kang katimeng pamêsunya, puja brata sinung wahyu dyatmikani, nanging mawa prabawa.

12.  Guntur wisesa myang guntur agni, guntur bumi miwah guntur braja, guntur ranu myang gunture, awang-awang punika lamun datan tumama yêkti, pratandha katrima, dene cihnanipun, ingkang datan katrima, yêkti sirna tanpa sesa ing dumadi, marma ta wis kaduga.

13.  Mêdhar ngilmi gaibing Hyang Widdhi, saking makatên ing purwanira, jrih sikuning Hyang Murbeng reh, nanging ta puntonipun, reh ta sami ngudi wawadi, mrih sidhine kasidan, titising pangawruh, kasampurnaning ngagêsang, kadipundi mungkêring reh tekat yêkti, mrih babaring kamulyan.

14.  Yêkti wontên upamane anti, ing pangrêman sarta kang tan lana, kumalêkêrên dadine, tan nêtês dadinipun, tanpa kardi dennya dumadi, tiwas tanpa pituwas, kangelan saumur, luhung aywa dumadia, manungsa yen tan sampurna gêsangneki, lir sato tanpa tekad.

15.  Babukaning carita ing nguni, karsaning Sang Hyang Girinata, angumpulakên ing kawruhe, wit saking mêntas kawus, kawruh jati kalindhih dening, Rêsi Kanekaputra, mila tinartamtu, ngumpulkên para kadang Dewa, Rêsi Nrada kalih Bathara Basuki, tiga Sang Hyang Sriyana.

16.  Iya iku kang sinêbut nami, Sang Hyang Panyarikan paparabnya, kalawan putra kaliye, Bathara Endra dwi Wisnu, samya têdhak pucuking wukir, ing ardi Jamusdipa, dennya mêdhar kawruh, sawusing pêpak sadaya, Sang Hyang Guru ambukani kawruh jati, ing ngarêp wus binabar.

17.  Purwaningkang dumadi rumiyin, ingkang wrêda pribadi pan cahya aulya dahana rumiyin, ingkang wrêda pribadi panca jaladri, puniku pinabênan, ing Kanekasunu, ing pangancas taksih lêpat, de mangeran marang kahananireki, sisip-têmbire* (sisip-sêmbire) dadya.

18.  Sumurupe têteja sayêkti, sarta maring kêkuwung maring wangkawa, amarga ing sadurunge, isining rat kadulu, maksih awang-uwung awingit, wus ana swara kadya, gêntha keleng ngungkung, iku Sang Hyang Girinata, sru anggilut jablasing surasaneki, Bathara Nrada sigra.

19.  Mêjangakên ing atur dumêling, manis tutuk tatasing kang sabda, Hong Hyang Hyang ulun yêktine, mênggah ta sagungipun, kawontênankesthi kajatin, kajatosan punika, wonten kahaneku, saksine wontên wonten manungsa, jagad ingkang manungsa estu tan pangling, lawan jagading donya.

20.  Mila binasakkên saderenging, wontên cahya wus ana swara, apindha gêntha kakêleng, pinika wardinipun, liring swara ingkang kapyarsi, yeku bawa jatinya, gêntha jatinipun, kantha-kanthining kang warna, kêkêleng pan dudunungan jatineki, anjinging kang bicara.

21.  Dununging bawa neng kantha singgih, kantha punika sayêkti samar, samar elek satuhune, elok gaib liripun, dene gaib punika mawi, sasandha kadadosan, babasaning catur, nora warna datan rupa, amimbuhi sipat wawarnen sakalir, tan ênggon ora arah.

22.  Nanging tansah dennira nglimputi, sagung ingkang gumêlar neng donya, ngandika tanpa lesane, muhung nyawa puniku, ngganda tanpa garananeki, muhung purba kewala, myat tanpa netraku, muhung saking ing waskitha, amiyarsa tanpa karnanira kalih, muhung saking wisesa.

23.  Myang angraos tanpa raos nênggih, muhung pangraos sajatinira, dene ta kosok wangsule, purwaning ana estu, saking ora witipun lair, saking ing kabatosan, witing rame estu, saking ing ênêng sanyata, wit gumêlar saking ing sonya sayêkti, nanging aywa kadriya.

24.  Tawang-tuwang tanpa wasananing, bêbasane mangeran kumandhang, wusing atur ulun mangke, sirik saestunipun, anênampik tanapi milih, kalamun anampika, ing sadayanipun, kang gumêlar ngalam-donya, punapinggih tan ginulung malih, kalamun amiliha.

25.  Punapa tan uninga manawi, sakehing kang kawontênan apan, saking gaib sejatine, babo ywa nganti kerut, utamine mandar ngurubi, myang sampun kawimbuhan, malah asung wimbuh, punika kewala cêkap, dhumatêng ing dunungnya pangsethi jati, jatining kauwusan.

26.  Sigêg ture Sang Kanekasiwi, Sang Hyang Guru sawusing miyarsa, saklangkung lêga ing tyase, rumaos yen panuju, dennya darbe pangesthi bangkit, kadya Sang Hyang Athama, ngratoni sawêgung, de kang nama Hyang Athama, ing srat Jitabsara panjênêngan Nabi, ya Adam Abul Awan.

27.  Sang Hyang Guru nulya dhawuh maring, para kadang Dewa miwah putra, bisa-a ngudhuni* (ngudhoni/nguruni) ing reh, ambawa-rasa iku, Hyang Basuki wacana aris, mênggah atur punika, wus lêrês sadarum, namung ing pamanggihingwang, sawêg têlêng dununging pangesthi jati, mring Kang Murbeng Gaiba.

28.  Analisir pantoging kang gaib, namung dunungipun kang pinurwa, ing suraos wau dereng, Hyang Guru ngndika rum, palibaya pantareng mami, mara katêrangêna, babar-pisanipun, sabda dadining kasidan, Hyang Basuki mangênjali turira ris, mêdhar wangsit angandhar.

29.  Dhuh pukulun saking wasitaning, guru-ulun Pêksi Rukmawatya, wukir Mahendra dhepoke, Hyang Kang Murbeng Gaibul, lajêng murweng anasir rannya, gêni bumi angin we punika dadi, kaananing manungsa.

30.  Latu dadya napsune kang jalmi, martandhani cahya catur warna, abrit cêmêng jêne putih, bumi badan jasmanu, martandhni sakawan warni, kulit daging myang tosan, sungsum jangkêpipun, angin kaananing napas, pan ing lesan ing grana ing netra kalih, myang pamyarsaning karna.

31.  Dene toyo dados kaananing, êroh catur isining wiryawan, ing Jitabsara têmbunge, inggih asrar puniku, roh jasmani êroh kewani, êroh nabati lawan, roh nurani catur, punika bilih kawula, sigêg ture Bathara Basuki sukci, mangkya Sang Hyang Sriyana.

32.  Matur alon ring Hyang Odipati, dhuh pukulun sang Padawinênang, manawi ing wasitane, ing gurunadi-ulun, parab Rêsi Pramana tunggil, saking pangraos-amba, langkung tlêsihipun, ingkang wus kasêbut ngarsa, pasêmone Sang Hyang kang Amurbeng gaib, mênggah pralambangira.

33.  Catur sastra-suwara winarni  A, I, O Rê*) myang antanwyanjana* (urut-urutaning aksara Jawi), sastra tridasa saptane, makatên wijangipun, aksara A () mila puniki, angka sakawan () lawan, aksara SA () wau, mênggah ing pikajêngira, pan wijining panunggal kawan prakawis, Bahni bantala bajra.

34.  Myang baruna wijangipun nênggih, agni bumi angin miwah toya, dene aksara BA () sinung, cêrêg ngandhap () pikajêngneki, bayi dene tan sondha, dados wujudipun, manungsa ingkang sampurna, sarwa sangkêp tan wontên kang kirang luwih, aksara O () wijangnya.

35.  Mila aksara WA () denpasangi, aksara DA () mênggah pikajêngnya, mungêl wêdal ing têgêse, pan katingal puniku, aksara Rê () wijangireki, mila PA cêrêg ngandhap, padha kanjêngipun, antara ing têgêsira, sampun jangkêp catur swara têgêsneki, gantya wijiling dênta.

Pupuh 178
M i j i l

1.      Myang wyanjana ing jarwanireki, pêpêking ponang wong, nanging dereng mawa repa lire, mabusana jangkêping pakarti, lir jabang duk lair, sing garbaning biyung.

2.      Muhung Swara pracihnaning urip, de wujuding karo, sastra dwidasa lan pasangane, yeka kang ran  dênta-wyanjaneki, ha na ca ra ka- ki *) (); sapiturutipun.

3.      Ha na ca ra ka têgêsneki, won duta kinaot **) (wonten duta kinaot), dunungipun winangsul swarane, ka ra ca na ha lire puniki, lesan ngucap ing da ta sa wa le-ku *) ().

4.      Têgêse Dat kacihna swareki, dununging suraos, wangsul swara la wa sa ta da-ne, nggih punika pratandha salami, pa dha ja ya nya-ki, () lire sami unggul.

5.      Pan punika pancadriya yêkti, dununging suraos, wangsul swara nya ya ja dha pa-ne, lirnya tan pêgat pangidhêpneki, ma ga ba tha nga-ki (), nênggih têgêsipun.

6.      Babatangan sarira puniki, wit dadosing kawroh, dunungipun winangsul swarane, nga tha ba ga ma têgêsireki, ngentha satataning, ngantareng Hyang Agung.

7.      Sajatine wontên manungseki, srêngkaraning raos, liring srêngkara abên-manise, rasa-rumangsa saliring osik, kawula lan Gusti, pamor ing sawujud.

8.      Dene pasangan pêcahireki, ricikan rajah wong, munggeng angga makatên wijange, ha () lidhah mila dipuntêgêsi, ngetokkên sakapti, awit lidhah wau.

9.      Anut pakening karsa sayêkti, clupakan netra ro, pasangan na () mila ing têgêse, katêrangan wit luwakan aksi, pan karya wênganing, Hyang Pramana tuhu.

10.  Pasangan ca () tangan têgêsneki, kancuhaning batos, awit tangan dados kancuhane, osiking tyas nartani pakarti, ra () manik winardi, sosotya punika.

11.  Wit têrsandhanira wontên manik, rahsa saraseng don, kang manrangi ing lair batine, ka () cangklakan pundhak denwêrdeni, kukuh dene kardi, pikuwating bau.

12.  Pasangan da () kalamênjing warni, apanjang kinaot, wit manjangkên ing jangga wujude, pasangan ta () cangklakaning sikil, winastan cacêthik, prênah têgêsipun.

13.  Dene dadya lantaran yêkti, kuwatin ngalunggoh, anartani tata-trapsilane, pan minangka lambaraning takrim, antuk suku kalih, dadya ugêripun.

14.  Pasangan sa () jaja antaraning, têgêsipun golong, dene dadya kanthi sayêkti, awit jaja dununging piranti, pirantining urip, parabot kang parlu.

15.  Pasangan wa () bau ingkang kering, tinêgêsan karo. Dene dadya kanthi sayêktine, bau kanan lalawananeki, jangkêping pakarti, bau ro puniku.

16.  Pasangan la () gêgêr kanan kering, têrusan njaba jro, dene nêrusi jaja ngajênge, pasangan pa () lambe ngandhap nênggih, mila dentêgêsi, patitis puniku.

17.  Dene bangkit mijilkên yêkti, pangucap cumêplos, tan kaleru tampining osike, pasangan dh () nnggih dentêgêsi, dadalan sêjati, wit dhadha puniku.

18.  Dados margi pratandhaning uirp, kakêtêg ing jêro, mangka paliwaraning Atmane, pasangan ja () sandhing thêthêngiling, jaja dentêgêsi, patitis puniku.

19.  Dene dados pangajênging ciri, ayu kajêngipun peranging kono, aksara *) (wujuding aksara tuwin pasanganipun sami) ya () babau kanane, tinêgêsan cuthat wit nampeni, karêntêging ati, tumindak sakayun.

20.  Pasangan nya () luwakaning ngaksi, kang kering kinaot, mila tinêgêsan mulung lire, dene bangkit amêngani kapti, sasmitaning liring, ngênani panuju.

21.  Pasangan ma () janggut dentêgêsi, bundêran wang karo, aksara ga *) (wujuding asksa sami kalaiyan pasanganipun) () jangga wingking lire, agêng dene panggenaning nginggil, sanginggil angkeki, kêrêtang pok gulu.

22.  Pasangan ba () pasu wujudneki têgêsira karo, lire kêmbar nrambahi mukane, pasangan tha () wujuding thi-athi, tinêgêsan nênggih, tulising mukeku.

23.  De mimbuhi asrining suwarni, antareng karno ro, pasangan nga () nênggih bolongane, ing grana mila dentêgêsi, pangingsêp wit saking, panggandasmareku.

Pupuh 179
Asmaradana

1.      De cêcêg () grana lirneki, sami lawan aksara nga, wulu () sirah ing têgêse, pêpêt () têgêse mbun-êmbunan, layar () lirira jaja, sami lawan ra punika, dene cakra () têgêsira.

2.      Midêr lawan amêngkoni, yeku dhadha têgêsira, ingaran sawarga lire, pangiraning tyas punika, kawêngku jroning dhadha, marma pasangan dha jumbuh. Pikajênge lawan cakra.

3.      Taling () têgêsira kuping, tarung () thêthêngêling karna, ingaranan srêngkara, abên-manis têgêsipun, marma ingaran mangkana.

4.      Krana dadi lantaraning, pacampuring rahsa mulya, dene wa () gêmbung têgêse, pan punika bau kiwa, pengkal () pan bau kanan, wignyan () cangkêm têgêsipun, ing dununging pamicara.

5.      Winastan wisarja nênggih, lire bêcik klawan ala, saking tutuk ing margane, rinan malih awiyarja, luwih bêcik têgêsnya, saknya malih têgêsipun, nut sapakon têgêsira.

6.      Pakoning manah sayêkti, mulya sae nulya ala, tutuk darma mêdharake, pangkon () pandhaku lirira, ingaranan pêjahan, sing aksara kang pinangku, sayêkti wujud manungsa.

7.      De cahya kawan prakara, cêmêng abrit jêne pêthak, nênggih ing panjing surupe, cahya cêmêng anjingira, sumurup cahya rêta, rêta manjing surupipun, nênggih maring cahya jênar.

8.      Jênar manjing surupneki, maring cahya ingkang pêthak, cahya pêthak ing surupe, maring cahya mancawarna, cahya kang mancawarna, mring cahya mancorong iku, nênggih panjing-surupira.

9.      Cahya kang mancorong manjing, mring cahya mancur surupnya, cahya umancur surupe, mring cahya wêning punika, cahya wêning surupnya, mring cahya gumilang iku, cahya gumilang surupnya.

10.  Marang cahya ingkang gaib, têgêse gaib pan samar, kendêl Sriyana ature, Hyang Guru kelangkung suka, karênan ing wardaya, dene ta punika kawruh, kapralambang saking sastra.

11.  Sang Hyang Sriyana sinung sih, pinaraban Panyarikan, jawata jumurung kabeh, mangayubagya ing karsa, sigêg Sriyana turnya, tandya Sang Endra sumambung, matur sarwi ngaraspada.

12.  Saking raosipun maksih, kadho-kadho ing pangancas, nênggih dhatêng ing kajaten, awit maksihkaroneyan, bokbilih tidha-tidha, pamanthênging tyas kalentu, korup dhatêng panguripan.

13.  Manawi pamanthêng kami, namung riningkês kewala, dhatêng ênêng lan êninge, dene dadose dumadya, rupa warna busana, pangracutipun pan namung, rasa ambu warna rupa.

14.  Mênggahing pangancas-kami, saestu datan nalimpang, muhung mring nukat gaibe, pukulun pangraos amba, wus tan ana tisna-a, nêtês naratas wus putus, wasana ulun sumangga.

15.  Sigêg Sang Hyang Endrapati, dennya medhar pangawikan, mangkya Hyang Wisnu ature, nuwun mênggah aturira, risang Hyang Panyarikan, kawruh kapralambang dhaup, lawan sastra samoanya.

16.  Ingkang punika mêwahi, têranging kang sasêrêpan, mênggah saking wasitane, Sang Ngusmanajid gurwamba, kaananing manungsa, punika anunggil dhapur, lan kang nglimputi sarira.

17.  Purwanya namung satunggil, kadamêl kalih ilapat, dene ta binasakake, kakalih ingkang ilapat, langkung kang amicara, winastan kalih saestu, winastanana satunggal.

18.  Sayêktosipun satunggil, mênggah sastra tanah Ajam, kang tumrap angga kathahe, jangkêp tigangdasa sastra, saking enget kuwula, Hyang Pramesthi ngandika rum, mara kulup wêdharêna.

19.  Sang Hyang Wisnu mangênjali, sareh wêdaling wacana, alip (…ﺍ…) maripat kalihe be (…ﺏ…) bolongane kang grana, te (…ﺕ…) ing utêng dunungnya, se (…ﺙ…) daging jim (…ﺝ…) sirah lungguh, ke alit (…ﺡ…) karna kang kanan.

20.  Ke ageng (…ﺥ…) karna kang kering, dal alit (…ﺩ…) bau kang kanan, dal agêng (…ﺫ…) bau keringe, ra (…ﺭ…) iga têngên kiwa, je (…ﺯ…) iga ingkang kiwa, sin alit (..ﺱ….) têngêng kang susu, sin agêng (…ﺵ…) susu kang kiwa.

21.  Sad (…ﺹ…) lambung kang têngên nênggih, êdhot (…ﺽ…) lambung ingkang kiwa, te (…ﻁ…) kukulung ati nggonne, dha (…ﻅ…) ing jantung dunungira, ngain (…ﻉ…) pupu kang kanan, ghin (…ﻍ…) pupu kiwa dumunung, fe (…ﻑ…) suku têngên ênggonnya.

22.  Khaf (…ﻕ…) ing dhêngkul têngên nênggih, kaf (…ﻙ…) suku kiwa dunungnya, lam (…ﻝ…) ing wêtêng, min (…ﻡ…) otote, nun (…ﻥ…) balung, wawu (…ﻭ…) gigirnya, ehe (…ﻫ…) tlapakan kanan, lam-alip (…ﻻ…) dunungipun, aneng lathining manungsa.

23.  Ambyah (…ﺀ…) dhêngkul kiwa nênggih, ya (…ﻱ…) tlapakan ingkang kiwa, jangkêp sastra tridasane, mangkya rêringkêsanira, badane kang manungsa, ing saestunipun sampun, inggih angucap piyambak.

——————
*) Alip dumugi ya ing pada 19 dumugi 23, aksara Arab tigangdasa, panyêratipun Latin kirang cocok kaliyan ungêlipun, mila ing wingkingipun kasêrat aksara Arabipun ing kurungan (……) ingkang boten perlu kawaos. Aksara Arab wau ing buku aslinipun botên kaserat. Ing ngriki katambahakên murih cêthanipun.

24.  Makatên panabdaneki, Ashadu Allah illaha, Illa Allah de wijange, As kulit ha dagingira du gêtih, Allah, urat ilaha iku babalung, illa sungsum Allah utak.

25.  Manungsa kalamun guling, mangka matrapkên sukunya, kakalih dhinempetake, dumadi wujud sajuga, dlamakan kalih pisan, tinapakkên sikut kakalih tumumpang.

26.  Aneng ing prajaneki, asta kekalih kinêmpal, dados sajuga wujude, ingadêgakên sadaya, punika sampun tansah, anêbut ing namanipun, tuwin namaning Pangeran.

27.  Gumaluntung ingkang jalmi, punika mungêl Muhammad, dene pratingkahe sare, mungêl Asmaning Pangeran, Allah Pangeraningrat, kang murbeng pasthi satuhu, wijange kawikanana.

28.  Awit ing sirah dumugi, pungkasan ingkang jangga, aksara min (mim) awalane, pinêcah dumadya tiga, kêlênging kalih netra, manjing mring Dating Allahu, kang kalair sadayanya.

29.  Mênggah kajêngipun nênggih, dhatêng makripat mukadas, mungêl la ing grêbanane, mangkya awit ing pranaja, dumugi cêthikira, aksara ahe (ehe) punika, lajêng kawijang triwarna.

30.  Wujudipun khe manjing maring, Sipat Allah kang lair pan, dene punika kajênge, maring Kakekat mukadas, grêbanipun winawas, anênggih tan liyan namung, ing ungêlipun Illaha.

31.  Lajêng wit jênthik dumugi, ing dhêdhêngkul kering kanan, punika min (mim akirane, ugi einijang titiga, wujuding kang aksara, manjing maring Asma Allahu, ingkang kalair sanyata.

32.  Kajêngipun tan lyan maring, dhatêng tarekat mukadas, ginêrba ungêle, muhung maring lapal Illa, pungasan winursita, awit kakalih kang dhêngkul, dumugi driji dlamakan.

33.  Yeku aksara dal yêkti, lajêng kawijang titiga, wujuding kang aksarane, manjing mring Apêngal Allah kang, lair de kajêngnya, mring Sarengat mukadasu, grêbanipun mungêl Allah.

34.  Aturulun sampun titi, kawontênaning wasita, muhung amrih ywa tumpang so, winujudakên ing gambar, tinrapkên ing ron êtal, ciniren katranganipun, gambar kalih dyan binabar.

35.  Mawa cahya anêlahi pindha ulading (alading dahana, ubaling) dahana, surem Hyang Rawi sorote, binarung swara gurnita, kilat thathit liwêran, horêg sapta bantalaku, mêsês kanang bayu bajra.

36.  Lir kinêbur kang jaladri, pêthite Hyang Antaboga, kumitir horêg anggane, satêmah ingkang bantala, gonjang-ganjing ruhara, ardi Jamusdipa njêpluk (njêbluk), kadi papêdhut rinaras.

37.  Sang Bathara Odipati, Sang Rêsi Kanekaputra, miwah Sang Hyang Basukine, Hyang Rndra Hyang Panyarikan, wus sadaya tan kuwawa, anyêlaki gambar wau, lir sinambêr gêlap lêpat.

38.  Sadaya wus dhawah saking, palênggahan sowang-sowang, sumaput lir nir jiwane, muhung Sang Bathara Suman, tan owah dennya lênggah, gambar kalih dyang ranacut, wus sirna kang gara-gara.

39.  Nahên kang gumuling siti, pungun-pungun wus waluya, wangsul mring palênggahe, karsane Hyang Mahanasa, sadaya kang kawêdhar, dening Hyang Bathara Wisnu, dilalah samya kalepyan.

40.  Kadya anggane angimpi, wungu nendra tan kengêtan, dhumatêng ing supênane, muhung Sang Hyang Guirinata, jroning tyas gung ginagas, ginilut jumbuhing kawruh, tambah ingkang pangawikan.

41.  Mangkono Hyang Wisnu Murti, graiteng tyas datan samar, dhumatêng kaanane, pinunggêl kang pangandika, amangsuli pangiwa, mangkana ing aturipun, dhuh Hyang Hyang Padawinênang.

42.  Aturnya Kanekasiwi, myang Basuki Panyarikan, tanapi Endra ature, ingkang Makatên punika, inggih lêrês sadaya, nanging ing pamanggihulun, panggêlar panggulungira.

43.  Taksih tumpang so tan mathis, manawi ing wasitanya, guru ulun Sang kinaot, Ngusmanajid ingkang usman, asalipun manungsa, inggih saking hêb satuhu, tumurun pan dados cahya.

44.  Kasumupan ponang bumi, dahana maruta tirta, makatên mênggah dununge, jasat napsu napas rokyat (rohkyat), ingkang rumiyin dadya, ponang rohkyat napas napsu, kapat jasat kanthinira.

Pupuh 180
Kinanthi

1.      Sawêg samantên turipun, dennya mêdhar sabda rungsit, Hyang Guru aris ngandika, eh kulup bênêr sireki, apa tan unggul dahana, de sira unggulkên bumi.

2.      Luwih asor bumi iku, yêkti unggul ingkang agni, Hyang Wisnu matur manêmbah, sami lêrêsipun ugi, manawi bangsaning Ejan, linuhurkên ingkang agni.

3.      Awit asal saking latu, luhuripun saking jin, Banujan jin Idajila, ing srat Jitabsara sami, Sang Hyang Handyan Hayang Banujan, di Anjiyasmal jibai.

4.      Hyang Guru malih tanya rum, balik sira iku kaki, asalmu saka ing apa, Wisnu matur mangênjali, ulun manungsa kajiman, nanging luhur ingkang saking.

5.      Manungsa sayêktinipun, kaliyan kajiman mami, eh kulup apa ta nora, rumuhun bangsaning Ngêjin, lêrês pukulun punika, nanging tumtaping ring mami.

6.      Miwah sarira pukulun, punika rumiyin janmi, kang awit Dang Hyang Ad-Hama, Sang Hyang Siwa ingkang ugi, Nabi Sis minulya, punika manungsa jati.

7.      SarVng ing dumuginipun, Sang Hyang  Nurcahya ing ngarsi, nVnggih nama Sayid Anwar, lajêng Sang Hyang Nur-raseki, Sang Hyang Wênang Sang Hyang Tunggal, sirna kamanungsaneki.

8.      Jisim rohkani sadarum, tan katon dipuntingali, sarêng dumugi paduka, amêngku ing Alam kalih, sagêd botên katingalan, saged katingal ing jalmi.

9.      Amargi kanjêng pukulun, mangesthi sagêd ngratoni, manungsa lir Hyang Ad-Hama, Hyang Guru ngandika malih, bênêr kaya tekatira, amung kanggo mênang êndi.

10.  Tekatira kang saestu, apa manungsa apa jin, Sang Hyang Wisnu aturira, ulun angge lair batin, ing batin manungsa-tama, ing lairipun pan êjin.

11.  Wit ulun urutkên estu, asale jiwa rageki, kamanungsan ulun asal, saking luluhur pribadi, mila kangge kabatinan, amarga jalu pinasthi.

12.  Dados lalantaranipun, kang wontênkên *) (ngawontênakên) jiwa mami, mênggah kajiman kawula, saking ing leluhur estri, kang awit Sang Hyang Nurcahya, kamantu dening Raja Jin.

13.  Mila punika pukulun, kawula anggêp ing lair, eh kulup têlênging tekat, apa ora anêtêpi, babasan kabali sura, myang sungsang bawana balik.

14.  Bathara Wisnu turipun, boten ing saestu neki, ing ngandhap ing nginggil kebalt,  kawêngku ing têngah awit, wontênipun winastanan, ing ngandhap tuwin ing nginggil.

15.  Yeku ancêr-ancêipun, wontên ing manungsa jati, Sang Hyang Guru duk myarsa, asru karênaning galih, babo atmajengsun Suman, sira angunggal pangesthi.

16.  Kalawan ing jênêng-ingsun, mangkya sira su wêwahi, paparaba Narayana, mratandhani kahananing, sira manungsa sanyata, Sang Hyang Wisnu mangastuti.

17.  Para jawata sadarum, abipraya nêmbadani, sasampunira mangkana,  Sang Hyang Wisnu nulya kardi, ekal cakra dadya tandha, bundêring santoseng ati.

18.  Nahan ta Bathara Guru, sawusira amiyarsi, ature kadang dewa, lan putra Bathara kalih, tyas langkung marwata suta, sinung ilhaming Hyang Widhi.

19.  Sadaya sampun kacakup, datan ana ingkang cicir, dhawuh wijiling kang sabda, kadang dewa sadayeki, myang putranipun bathara, ing samangkya karsamami.

20.  Kumpulung kawruh sadarum, ingsun dadekkên sawiji, minangka wawatoning kang, kawruh kadeatan adi, dadiya gêbênganira, suteng-ulun Endrapati.

21.  Nanging ingsun kêkêr kukuh, sarta ingsun waranani, lawan hya kongsi kajambar, sadhengahing manungseki, supayane iku haywa, madhehkên ing Jawata di.

22.  Marmane manira asung, pralambang iku yen bangkit, iya dadya manrimanya, ingkang sarta banjur dadi, ing Sanstra Cêtha priyangga, ing sadurungira dadi.

23.  Ing Sastra Cêtha puniku, apan ta ingsun-aranni, Sastra jendra ayuninrat, pangruwat diyu rasêksi, wanara salaminira, dêlahan nunggal jalma-di.

24.  Iku ta ing lairipun, dadiya ambêk bumi, mungguh ta ing kabatinan, dumadiya pancadaning, sangkan paraning dumadya, nunggal kawula lan Gusti.

25.  Mratandhanana saestu, kanugrahan ingkang dhingin, limang ukara kehira, dumadi ambêgireki, mungguh ta ingkang ingaran, Panca purwanda pangrawit.

Pupuh 181
S i n o m

1.      Kang dhingi ambêging surya, kapindho ambênging bumi, katri ambêging maruta, catur ambêging jaladri, panca ambêging langit, ing sapangkat maneh iku, aran Panca Dumadya, iku kadadyanireki, apan uga tumangkar limang prakara.

2.      Kang dhingi babaring tigan, dwi lêpasing sastra-lungit, tumamaning punglu tri-nya, catur pêdhang lumaraping, lima rêmbêsing warih, ing sapangkat maneh iku, aran Panca Pranata, dadi pratandhanireki, apan uga tumangkar limang prakara.

3.      Mandhêg iku kang kapisan, angkêr ingkang kaping kalih, sumunu kang kaping tiga, sumulap kaping patneki, mamarap ping limeki, dadi tri golonganipun, lah para kadang dewa, lan putra bathara kalih, kono padha surasanen tranging nala.

4.      Kadiparan karêpira, lawan kadadeyaneki, nahên para kadang dewa, lositanireng panggalih, bangkit mbabarkên nanging, tan sagêd panangkaripun, tuwin kakalih putra, asagêd mêcah ananging, tan kuwawa maradhahi kang surasa.

5.      Sadaya matur sumangga, Hyang Guru ngandika malih, eh kadangingsun pra dewa, lan putraningsun kalih, marmanira sireki, ywa ngaku pintêr kalangkung, mundhak kablingêr padha, kang awit babasaning ling, jalma pintêrpasthi kasor dening jalma.

6.      Kang sugih pratikel tatas, de jalma pratikel awig, kasor dening jalma ingkang, inggil luhur misesani, margi margi kang Murbeng pasthi, anamtokkên jênêngingsun, ginadhuhan wisesa (ginadhukan kang wisesa), lwih kuwasa jênêngmami, sumurupa duninunging andikaningwang.

7.      Mungguh abênging kang surya, amongat têmbungireki, jarwane among samoa, awit ta ananing rawi, tansah angon sakalir, ngulatkên sakeh tumuwuh, tumrape mring pambêgan, eling dene dunungneki, ing pramana dadi nora kasamaran.

8.      Ambeging bumi winarna, sun-têbungkên amot yêkti, karêpe amot sadhengah, dene kaananing bumi, bobot sakeh dumadi tumraping, pambêkan bakuh, dununge ing jatmika, sarira antêng tyas mintir, ing wasana dadi nora berabeyan.

9.      Ambêking kanang maruta, sun-têmbungkên kamrat yêkti, karêpe kamot sabarang, dene kaananing angin tansah katadhah dening, samoaning kang tumuwuh, tumrape mring pambêkan, têmên dene dunungneki, aring ingkang napas dadi tan ndaleya.

10.  Nahan ambêking sagara, sun-têbungakên mamrat yêkti, karêpe momot tan wêgah, kaananing kang jaladri, tan nampik datan milih, sasarah tumaneng laut, tumrap pambêkan sabar, neng rêrêming rasa jati, dadi nora pradulen sugih waonan.

11.  Kanang ambêking akasa, sun-têmbungkên mangkyat nênggih, kaêpe pamêngka ika, dene kaananing langit, datan sah  angaubi, saisining ngrat kawêngku, tumrap ambêg santosa, dumunung sarehing kapti, dadi nora gimirên karêp sadhengah.

12.  Lah ta padha kawruhana, kumpule pambêkan gati, among amot kamot miwah, momot mêngku jangkêpneki, dene tumrapireki, pambêkan lilima iku, eling têmên mantêp lan, sabar santosaning ati, de dununge pambêkan limang prakara.

13.  Pramana jatmika ing tyas, aringing napasireki, kalawan rêrêming rahsa, sareh ing karsa mumpuni, mungguh dadinireki, pambêkan lilima mau, tan samar tan dahwenan, tan sêmbrana lawan malih, tan panasan tan gimiran pungkasannya.

14.  Mêdhar kang Panca Dumadya, limang ukara ginupit, angin babaring antiga, nalika ingsun arani, têtêp karêpireki, tetela ing ananipun, têtêp dadining gêsang, kawahana tandhaneki, de tandhane iku ana ing pangrasa.

15.  Pindho lêpasing kang manah, ramatas ingsun arani, karêpe tatas naratas, yeku têdhas anêdhasi, satuhu anêtêpi, sangkan paraning tumuwuh, dene ta pratandhannya, sonya ruri anartani, nyatanira ing pamyarsaning kang karna.

16.  Kaping tri tumamanira, punglu mamis sun arani, tumêlêng karêpe apan, patitis iku ngencoki, datansah anêtêpi, marang dudununganipun, tumanêm pratandhanya, nyatane lungguhireki, aneng lathi iya iku pamicara.

17.  Kaping pat laraping pêdhang, maratas ingsun arani, karêpe mring kaputusan, pêgat tanpa kiwir-kiwir, babarpisan nêtêpi, tandha kasampurnanipun, nyatane ing pangganda, arum bangêr amis bacin, arum sêdhêp kanyataan saka grana.

18.  Ping lima rêmbêsing toya, tumuhas ingsun arani karêpê tumus arabas, iku têrus anêrusi, dene ptatandhaneki, linggabathara satuhu, jumênêng batharanya, mungguh kanyataaneki, ing paningal jangkêp kang Panca dumadya.

19.  Kumpule kadadyan lima, têtêp tatas sarta titis, putus tumus sah lilima, gênahe lilima maring, tetela têdhas tuwin, angincoki pêgatipun, kanyataaning lima, kawahana sunyaruri, myang tumanêm sampurna lingga-bathara.

20.  Nyatane ing kadadeyan, lilima tan liyan maring, pangrasa ingkang kapisan, ing karna kang kaping kalih, ing lesan kaping katri, ing grana kang kaping catur, ing paningal ping  gangsal, kadang dewa putra sami, sru katrêsnan umatur kalajêngêna.

21.  Odipati mêdhar sabda, prabawa limang prakawis, nahan landhêp kang kapisan, iku sun arani lêngit, marang singit karêmpit, karêpira iya iku, mamêdeni wong kathah, dene wus anjumbuhi, kalawan Hyang Maha Suksma Kang Kawêkas.

22.  Wus anunggal sakaanan, sarira suksma pribadi, kapindhone kawaskitan, wikan purwaning dumadi, ing agal miwah rêmit, sawujud Bathara Luhung, akaprabawan saka, waskithanireng panggalih, kaya-kaya uning sadurung winahya.

23.  Sumunu kang kaping tiga, iku lênyêp sun arani, karêpe wingit sanyata, antêng ruruh anyênênni, de wus nugraha jati, Bathara ingkang linuhung, kaprabawanan saka, sarwa dyatmika ing budi, nênging(~) nala nêrusi marang sarira.

24.  Sumulap ingkang kaping pat, lêmarap ingsun arani, angulapi karêpira, iya iku (m)balêrêngi, kang mandêng tan kuwawi, dene ta uwus saestu, rikang sotya-bathara, awit kaprabawan saking, anarawang sadaya sarwa pramana.

25.  Mamarap kang kaping lima, lêmahab ingsun arani, maladi karêpe ika, iya iku angurubi, dene ta wus linêwih, sajiwa bathara iku, wus kaprabawan saka, sarwa wibawa wiryadi, uwus ganêp prabawa limang prakara.

26.  Kumpule prabawa lima, juga lungit kadwi wingit, tri wingit ngulabi warna, kaping limane maladim gênahe prabaweki, kang sapisan iku alus, mêdeni kapindhonya, kaping trine anyênêni, pat (m)blêrêngi amaladi limanira.

27.  Prabawa ingkang prabawa, waskitha ingkang rumiyin, pangrasa ping kalihira, dyatmika kang kaping katri, pramana caturneki, wibawa ping limanipun, atusing pangandika, -nira Sang Hyang odipati, myang pra dewa dyan muksa mring pakayagan.

28.  Mangkane kang Sastra Cêtha, mungguh Panca purwandeki, bumi gêni angin toya, dadi jasate kang jalmi, langit ngibaratneki, ing alam suwung sathu, dene wus kanyataan, amêngkoni ing dumadi, de karêpe batin mêngku kalairan.

29.  Dene ta Panca dumadya, Pancadriya dunungneki, pangraos ingkang sapisan (˚) pamyarsa kang kaping kalih, pangucap kang kaping tri, pangganda kang kaping catur, paningal kang kaping lima, sadayeku padha dadi, trêsandhaning uripe ingkang manungsa.

30.  Mungguh kang Panca prabawa, puniku amratandhani, katarimaning manungsa, katarimaning manungsa, katingaling sarira di, waskitha têgêsneki, lêrêsing pramana estu, pangrasa têgêsira, lêpasing karya sayêkti, pramana pan lêpasing pandulunira.

31.  Dyatmika ing têgêsnira, sênênning cahya mranani, wibawa têgêse apan, mêngku sakeh raos jati, pinetak lima malih, sarira-bathara iku, uwus abadan budya, sawujud bathara nênggih, satuhune uwus nunggal warna rupa.

32.  Nugraha bathara ika, uwus ênêng sarta êning, netra-bathara iku apan, uwus linêpas ing budi, sajiwa-bathara di, wus langgêng kaananipun, kawula Gusti nunggal, lah anakmas wus baresih, Sastra Jendra unggahe mring Sastra Cêtha.

Nyuwun agunging samudra pangaksama dumateng sadaya para sarjana ugi pinisepuh mugi purun nampi keladhug kurang trapsilaning pun Kumitir sampun kumalancang wantun ngedalaken kawruh ingkang sinengker punika, Kumitir namung sadermi ngleruri kabudayan Jawi paribasan : ‘canthing jail dicidhukna banyu segara olehe iya mung sathithik, lowung dene taksih saged nyidhuk, sanadyan namung saisining canthing jail, tinimbang suwung blung. Sampun titi tamat wedharing kawruh Sastra Jendra Hayuningrat menggah unggahing mring Sastra Cêtha, tumplêg ing maknawi kinarya lalantaran ing agêsang wus anyêkapi, mugiya tansah angsal kanugrahan saking ngarsaning Hyang Murbeng Gesang. Rahayu.

Sumber  :
Serat Centhini Jilid III, Pupuh 177 dumugi Pupuh 181. Yasandalemm KGPAA Amengkunagara III (Ingkang Sinuhun Paku Buwana V) ing Surakarta. Kalatinaten Miturut Aslinipun dening : Kamajaya. Penerbit Yayasan Centhini



sumber :mas kumitir

suluk sujinah


Salah satu kitab suluk yang mengajarkan pendidikan budi pekerti adalah Suluk Sujinah. Seperti layimnya jenis kitab-kitab suluk, Suluk sujinah dituangkan dalam bentuk dialog, antara Syekh Purwaduksina dengan istrinya Dyah Ayu Sujinah mengenai asal asal mula, kewajiban, tujuan, dan hakikat hidup menurut agama Islam, khususnya ajaran tasawuf. Diterangkan juga tahap-tahap yang harus dilalui manusia dalam upayanya agar bisa luluh kembali kepada Tuhan.

Tidak mudah untuk menemukan pendidikan budi pekerti dalam Suluk Sujinah yang sebagaian besar isinya membentangkan masalah jati diri manusia, apa saja yang akan dialami anak manusia menjelang dan sesudah mati, Dzat Yang Kekal dan lain-lain, hal yang tidak mudah dipahami, karena dituangkan dalam bahasa yang sarat lambang. Di bawah ini ungkapan beberapa bait yang berisi pendidikan budi pekerti dalam Suluk Sujinah sebagai berikut :

Sifat Perbuatan Lahiriyah

Agampang janma sembayang, nora angel wong angaji, pakewuhe wong agesang, angadu sukma lan jisim, salang surup urip, akeh wong bisa celathu, sajatine tan wikan, lir wong dagang madu gendhis, iya iku wong kandheng ahli sarengat.

Terjemahan :

Adalah mudah manusia sembahyang, tidaklah sesulit orang memuji, rintangan hidup adalah mengadu sukma dan tubuh, salah paham kehidupan, banyak orang bisa bicara, nyatanya tidak mengetahui, sperti orang berdagang madu gula, orang yang terhenti sebagai ahli syariat.

Sang Dyah kasmaran ing ngelmi, tan nyipta pinundhut garwa, amaguru ing batine, kalangkung bekti ing priya.

Terjemahan :

Si cantih gemar belajar ilmu, tidak mengira akan diperistri, dalam hati ia berguru dan sangat berbakti kepada suami.

Mung tuwan panutan ulun, pangeran dunya ngakerat.

Terjemahan :

Hanya tuan yang kuanut, pujaan di dunia dan akhirat.

Ping tiga ran bayuara, ya tapaning estri ingkang utami, lire bangkit nyaring tutur, rembuge pawong sanak, tan ………, kang tinekadken ing driya, pituturing guru laki.

Terjemahan :

Ketiga disebut banyuara, yakni tapa istri utama, artinya mampu menyaring kata, tutur kata sanak saudara, tidak mudah mematuhi dan meiru, dalam hati hanya bertekad mematuhi nasehat suami.

Dyah Ayu Sujinah lon aturnya, adhuh tuwan nyuwun sihnya sang yogi, tan darbe guru lyanipun, kajawi mung paduka, dunya ngakir tuwan guru laki ulun.

Terjemahan :

Dyah Ayu Sujinah berkata perlahan, “aduhai, aku mohan belas kasihan, aku tidak mempunyai guru lain, kecuali hanya paduka, di dunia dan akhirat, tuanlah guruku”.

Dyah Ayu Sujinah umatur ngabekti, langkung nuwun pangandika tuwan, kapundhi ing jro kalbune, dados panancang emut, karumatan sajroning budi.

Terjemahan :

Dyah Ayu Sujinah berkata dengan hormat, “sangat berterimakasih atas penjelasanmu, kuingat dalam hati baik-baik, dan kulakukan”.

Seseorang yang hanya terhenti pada tahap syariat diibaratkan sebagai berdagang madu gula. Dalam mengarungi samudera kehidupan, manusia pasti akan mengalami berbagai rintangan yang tidak cukup diatasi dengan banyak bicara saja tanpa disertai laku amal.

Dalam hubungan suami istri, dilukiskan bahwa keutamaan seorang istri ialah wajib setia bakti patuh kepada suami. Suami diibaratkan sebagai guru yang harus dianut tanpa kecuali, dan sebagai pujaan di dunia dan akhirat.istri yang dipandang utama ialah istri yang mampu menyaring tutur kata orang lain, tidak mudah terpengaruh siapapun, hanya patuh dan tunduk kepada nasihat suami.

Mati Dalam hidup

Laku ahli tarikat, ibarat mati di dalam hidup, semata-mata hanya mematuhi kehendak Tuhan. Kemudia dijelaskan tentang empat macam tapa, yaitu tapa ngeli : “berserah diri dan mematuhi sembarang kehendak Tuhan, tapa geniara : “tidak sakit hati apabila dipercakapkan orang”, tapa banyuara : “mampu menyaring kata dan tutur kata sanak saudara, tidak terpengaruh orang lain, hanya mematuhi nasehat suami”, dan tapa Ngluwat : “tidak membanggakan kebaikan, jasa maupun amalanya”. Terhadap sesama selalu bersikap rendah hati dan tidak gemar cekcok, lagi pula ia menyadari bahwa setiap harinya manusia selalu harus pandai-pandai memerangi gejolak hawa nafsu yang akan menjerumuskan dalam kesesatan. Mempunyai pengertian yang mendalam bahwa pada hakikatnya manusia sebagai makhluk Tuhan, adalah sama, setiap orang mempunyai kelebihan dan kekurangan.

Lakune ahli tarikat, atapa pucuking wukir, mungguh Hyang Suksma parenga, amati sajroning urip, angenytaken ragi, suwung tan ana kadulu, mulane amartapa, mrih punjul samining janmi, wus mangkana kang kandheg aneng tarekat.

Terjemahan :

Laku ahli tirakat adalah bertapa di puncak gunung, sekiranya Tuhan meridhoi mati di dalam hidup, menghanyutkan diri, kosong tidak ada yang terlihat, oleh karena itu bertapa agar melebihi sesamayan, demikianlah barang siapa yang terhenti pada tarikat.

Dhihing ingkang aran tapa, iya ngeli lire pasrah ing Widi, apa karsane Hyang Agung, iya manut kewala, kadya sarah kang aneng tengahing laut, apa karsaning Pangeran, manungsa darma nglakoni.

Terjemahan :

Pertama, yang disebut tapa ngeli yakni, mengahayutkang diri, artinya berserah diri kepada Tuhan, sebarang kehendak-Nya patuhi sajalah, ibarat sampah di tengah laut, sebarang kehendak Tuhan manusia hanya pelaksana semata.

Ping kalih kang aran tapa , geniara adadi laku ugi, ana dene artinipun, malebu dahana, lire lamun kabrangas ing ujar …. den ucap ing tangga, apan ta nora sak serik.

Terjemahan :

Kedua, yang disebut tapa geniara menjadi laku juga, adapun artinya ialah masuk kedlam api, maksudnya jika terbakar oleh kata-kata dan dipercakapkan tetangga tidak sakit hati.

Ping tiga ran bayuara, ya tapaning estri ingkang utami, lire bangkit nyaring tutur, rembuge pawong sanak, tan gumampang anggugu, kang tinekadken ing driya, pituturing guru laki.

Terjemahan :

Ketiga, disebut banyuara, yakni tapanya istri utama, artinya mampu menyaring kata-kata  atau tutur kata sanak saudara, tidak mudah mengikuti dan meniru orang lain, dalam hati bertekad mematuhi nasehat suami.

Tapa kang kaping sekawan, tapa ngluwat mendhem sajroning bumi, mengkene ing tegesipun, aja ngatonken uga, marang kabecikane dhewe puniku, miwah marang ngamalira, pendhemen dipun arumit.

Terjemahan :

Tapa yang keempat adalah tapa ngluwat, memendam diri di dalam tanah, beginilah maksudnya ; jangan memperlihatkan juga kebaikan diri sendiri, demikian pula amalmu pemdamlah dalam-dalam.

Lawan malih yayi sira, dipun andhap asor marang sasami, nyingkirana para padu, utamane kang lampah, tarlen amung wong bekti marang Hyang Agung, iku lakuning manungsa, kang menang perang lan iblis.

Terjemahan :

Lagi pula dinda, bersikaplah rendah hati terhadap sesama, jauhilah sifat gemar cekcok, seyogyanya laku itu tiada lain hanya hanya berbakti kepada Tuhan Yang Maha Agung, itulah laku manusia yang menang berperang dengan iblis.

Iku benjang pinaringan, ganjaran gung kang menang lawan iblis, langkung dening adiluhung, suwargane ing benjang, wus mangkono karsane Hyang Mahaluhur, perang lan iblis punika, sajatining perang sabil.

Terjemahan :

Kelak akan mendapat annugerah besar, barang siap menang melawan iblis, sangat indah mulia surga firdausnya kelak, memang demikianlah kehendak Tuhan yang Mahaluhur, perang melawan iblis itu nyata-nyata perang sabil.

Yayi perang sabil punika, nora lawan si kopar lawan si kapir, sajroning dhadha punika, ana prang bratayudha, langkung rame aganti pupuh-pinupuh, iya lawan dhewekira, iku latining prang sabil.

Terjemahan :

Dinda, perang sabil itu bakan melawan kafir saja, di dalam dada itu ada perang baratayuda, ramai sekali saling pukul-memukul yaitu perang melawan dirinya nafsu, itulah sesungguhnya perang sabil.

Kutipan diatas bermakna bahwa sebagai hamba Tuhan sikapnya hendaklah selalu sadar percaya, dan taat kepada-Nya. Dalam mengarungi samudra kehidupan, agar tidak sesat. Kecuali itu, karena menurut kodratnya manusia bukan makhluk soliter, yang dapat hidup sendiri, memenuhi segala kebutuhan sendiri, melainkan adalah makhluk sosial. Dalam tata pergaulan hidup bermasyarakat hendaklah mematuhi nilai-nilai hidup dan mempunyai watak terpuji, ialah sabar penuh pengertian, berbudi luhur, rendah hati, tidak cenderung mencela dan mencampuri urusan orang lain, jujur, tulus ikhlas, tidak angkuh maupun congkak, tidak iri maupun dengki dan bersyukur atas barang apa yang telah dicapai berkat ridla Tuhan. Di samping itu hendaklah sadar bahwa manusia itu bersifat lemah, ibarat wayang yang hanya dapat bergerak atas kuasa dalang.

Sifat Ahli Hakikat

Lakune ahli hakekat, sabar lila ing donyeki, laku sirik tan kanggonan, wus elok melok kaeksi, rarasan dadi jati, ingkang jati dadi suwung, swuh sirna dadi iya, janma mulya kang sejati, pun pinasthi donya ngakir manggih beja.

Terjemahan :

Laku ahli ahli hakikat adalah, sabar ikhlas di dunia, tidak musrik, nyata-nyata telah tampak jelas,pembicaraan menjadi kesejatian, yang sejati menjadi kosong, hilang lenyap menjadi ada, manusia mulia yang sejati, telah dipastikan ia didunia akhirat mendapat kebahagian.

Sang wiku dhawuh ing garwa, ingkang aran bumi pitung prakawis, kang aneng manungsa iku, pan wajib kaniwruhan, iku yayi minangka  pepaking kawruh, yen sira nora weruha, cacad jenenge wong urip.

Terjemahan :

Sang pertapa berkata kepada istrinya, yang dinamai tujuh lapis bumi, yang ada pada diri manusiaitu, wajib diketahui, dinda itu sebagai kelengkapan ilmu, jika kau tidak mengetahuinya, cacad namanya bagi orang hidup.

Bumi iku kawruhana, ingkang aneng badan manungsa iki, sapisan bumi ranipun, ingaranan bumi retna, kapindho ingkang aran bumi kalbu, bumi jantung kaping tiga, kaping catur bumi budi.

Terjemahan :

Katahuilah bumi, yang ada pada tubuh manusia itu, pertama namanya bumi retna, yang kedua bernama bumi kalbu, ketiga bumi jantung, keempat bumi budi.

Ingkang kaping lima ika, bumi jinem arane iku yayi, kaping nenem puniku, ingaranan bumi suksma, ping pitune bumi rahmat aranipun, dhuh yayi pupujan ingwang, tegese ingsun jarwani.

Terjemahan :

Yang kelima, bumi jinem namanya, yang keenam dinda, dinamai bumi sukma, ketujuh bumi rahmat namanya, aduhai dinda pujaanku, artinya ku jelaskan begini.

Ingkang aran bumi retna, sajatine dhadhanira maskwari, bumine manungsa tuhu, iku gedhong kang mulya, iya iku astanane islamipun, dene kaping kalihira, bumi kalbu iku yayi.

Terjemahan :

Yang dinamai bumi retna, sesungguhnya dadamu dinda, benar-benar bumu manusia, itu gedung mulia, menurut islam itu istana, adapun yang kedua, itu bumi kalbu dinda.

Iku yayi tegesira, astanane iman iknag sejati kaping tiga bumi jantung, yaiku ingaranan, astanane anenggih sakehing kawruh, lan malih kaping patira, kang ingaranan bumi budi.

Terjemahan :

Adapun artinya, istana iman sejati ketiga bumi jantung, yaitu dinamai istana semua ilmu, dan lagi yang keempat, yang dinamai bumi budi.

Iku yayi, tegesira, astanane puji kalawan dzikir, dene kaping gangsalipun, bumi jenem puniku, iya iku astane saih satuhu, nulya kang kaping nemira, bumi suksma sun wastani.

Terjemahan :

Dinda, itu artinya istana puji dan dzikir, adapun yang kelima , bumi jinem itu, istana kasih sejati, kemudian yang keenam, kunamai bumi sukma.

Ana pun tegesira, astananing sabar sukur ing Widi, anenggih kang kaping pitu, ingaranan bumi rahmat, kawruhana emas mirah tegesipun, astananing rasa mulya, gantya pipitu kang langit.

Terjemahan :

Adapun artinya, istana kesabaran dan rasa syukur kepada Tuhan, adapun yang ketujuh, dinamai bumu rahmat, dinda sayang, ketahuilah artinya, istana rasa mulia, kemudian berganti tujuh langit.

Kang aneng jroning manungsa, kang kaping pisan ingaranan roh jasmani, dene kaping kalihipun, roh rabani ping tiga, roh rahmani nenggih ingkang kaping catur roh rohani aranira, kaping gangsal ingkang langit.

Terjemahan :

Yang ada dalam diri manusia, yang pertama disebur roh jasmani, adapun yang kedua roh rohani, ketiga roh rahmani, yang keempat roh rohani namanya, langit yang kelima.

Roh nurani aranira, ingkang kaping nenem arane yayi, iya roh nabati iku, langit kang kaping sapta, eroh kapi iku yayi aranipun, tegese sira weruha, langit roh satunggil-tunggil.

Terjemahan :

Roh nurani namanya, yang keenam dinda, ialah roh nabati, langit yang ketujuh, roh kapi itu dinda namanya, ketahuilah artinya langit roh masing-masing.

Tegese langit kapisan, roh jasmani mepeki ing ngaurip, aneng jasad manggonipun, langit roh rabaninya, amepeki uripe badan sakojur, roh rahmani manggonira, mepeki karsanireki.

Terjemahan :

Arti langit pertama, roh jasmani memenuhi kehidupan, di tubuh tempatnya, langitroh rabani, memenuhi hidup sekujur tubuh, roh rahmani tempatnya, memenuhi pada kehendakmu.

Langit roh rohani ika, amepeki ing ngelminira yayi, langit roh nurani iku, mepeki cahya badan, roh nabati amepeki idhepipun, iya ing badan sedaya, langit roh kapi winilis.

Terjemahan :

Langit roh rohani itu, memenuhi dalam dirimu, langit roh nurani itu, memenuhi cahaya tubuh, roh nabati memenuhi pikiranmu, dan seluruh tubuh, langit roh kapi disebut-sebut.

Mepeki wijiling sabda, pan wus jangkep cacahing pitung langit, eling-elingen ing kalbu, apa kang wus kawedhar, amuwuhi kandeling iman, ……….

Terjemahan :

Memenuhi terbabarnya sabda, telah lengkaplah jumlah tujuh langit, ingat-ingatlah dalam hati, apa yang telah terungkap, menambah tebalnya iman.

Laku ahli hakikat adalah sabar, tawakal, tulus iklas. Pada tahap ini manusia telah mengenal jati dirinya, yang dilambangkan terdiri dari atas tujuh lapis bumi dan tujuh lapis langit sebagai kelengkapan ilmu. Kesemuanya berasal dari Tuhan, dan semua itu menambah tebalnya iman. Wujudnya sebagai wadah ilmu, dan ilmunya ada pada Tuhan. Manusia yang telah memahami ilmu Tuhan, tidak berpikiran sempit, kerdil atau fanatik, dan tidak pula takabur. Ia justru bersikap toleran, tenggang rasa, hormat-menghormati keyakinan orang lain, karena tahu bahwa ilmu sejati, yang nyata-nyata bersember satu itu, hakikatnya sama. Ibarat sungai-sungai dari gunung manapun mata airnya, pasti akan bermuara ke laut juga. Sebaliknya jikalau ia memperdebatkan kulit luarnya, berarti beranggapan benar sendiri, dan belum sampai pada inti ajaran yang dicari. Orang yang telah sampai tahap hakikat, tidak munafik dan tidak mempersekutukan Tuhan.

Inkang ana jroning badan kabeh, pan punika saking Hyang Widi, wujud ingkang pasthi, wawadhahing ngelmu.

Terjemahan :

Semua yang ada di dalam tubuh, itu dari Tuhan, wujud yang pasti, sebagai tempat ilmu.

Iya ngelmu ingkang denwadhahi, ana ing Hyang Manon, poma iku weling ingsun angger, den agemi lawan den nastiti, tegese wong gemi, ywa kongsi kawetu.

Terjemahan :

Ilmu yang diwadahi, ada pada Tuhan, teristimewa sekali pesanku nak, hemat dan telitilah, arti orang hemat, jangan sampai keluar.

Dene ta tegese wong nastiti, saprentah Hyang Manon, den waspada sabarang ngelmune, terusana lahir tekeng batin, ywa padudon ngelmu, lan wong liya iku.

Terjemahan :

Adapun arti orang teliti, akan semua perentah Tuhan, hendaknya waspada terhadap sabarang ilmu, seyogyanya teruskanlah lahir sampai batin, jangan bercekcok tentang ilmu, dengan orang lain.

Yen tan weruh ngelmune Hyang Widi, tuna jenenging wong, upamane kaya kali akeh, ana kali gedhe kali cilik, karsanira sami, anjog samudra gung.

Terjemahan :

Jika tidak mengetahui ilmu Tuhan, berarti rugi sebagai manusia, ibarat seperti sungai banyak, ada sungai besar ada sungai kecil, kehendaknya sama, bermuara di samudra raya.

Sasenengan nggennya budhal margi, ngetan ana ngulon, ngalor ngidul saparan-parane, suprandene samyanjog jaladri, ywa maido ngelmi, tan ana kang luput.

Terjemahan :

Sesuka hati orang mencari jalan, ada yang ketimur, kebarat ke utara ke selatan dan kemana saja perginya, tetapi semua bermuara di laut, jangan mempercayai ilmu, tak ada yang keliru.

Lir kowangan kang cupet ing budi, sok pradondi kawruh, sisih sapa ingkang nisihake, bener sapa kang mbeneraken yayi, densarwea pasthi, amung ngajak gelut.

Terjemahan :

Ibarat kumbang air yang berbudi picik, kadang bertengkar ilmu, bila salah siapakah yang menyalahkan, bila benar siapa yang membenarkan dinda, jika singgung pasti, hanya mengajak bergelut.

Papindhane wong sumuci suci, iku kaya endhog, wujud putih amung jaba bae, njero kuning pangrasane suci, iku saking warih, warna cilam-cilum.

Terjemahan :

Ibarat orang yang mengaku suci, seperti telur, berwujud putih hanya luarnya saja, dalamnya kuning menurut perasaannya suci, itu dari air, berubah-ubah.

Wong mangkana tan patut tiniru, yayah kayu growong, isinira tan liyan mung telek, nadyan bisa tokak-tokek muni, tan pisan mangerti,  ucape puniku.

Terjemahan :

Orang seperti itu tidak patut dicontoh, seperti kayu berlubang, isinya tidak lain hanya tokek, sekalipun bisa berbunyi tekek-tekek, sama sekali tidak mengerti, apa ucapanya itu.

Poma yayi den angati-ati, ujar kang mangkono, den karasa punika rasane, rinasakna sucine wong ngelmi, kang kasebut ngarsi, lir sucining kontul.

Terjemahan :

Teristemewa sekali dinda berhati-hatilah, kata seperti itu, rasakanlah hahekatnya, rasakanlah kesucian orang berilmu, yang tersebut didepan, seperti kesucian burung bagau.

Kicah-kicih anggung saba wirih, angupaya kodhok, lamun oleh pinangan ing enggen, wus mangkono watak kontul peksi, sandhange putih, panganane rusuh.

Terjemahan :

Berulangkali selalu pergi di tempat berair, mencari katak, jika telah dapat dimakan ditempat, memang demikian perangai burung bagau, pakaiannya putih, makanannya kotor.

Ywa mangkono yayi wong ngaurip, poma wekas ingong, den prayitna rumeksa badane, aywa kadi watak kontul peksi, mundhak niniwasi, dadi tanpa dunung.

Terjemahan :

Dinda, janganlah demikian orang hidup, teristemewa sekali pesan ku, berhati-hatilah menjaga tubuh, jangan seperti perangai burung bangau, karena memyebabkan celaka, sehingga tanpa tujuan.

Mituhua pitutur kang becik, yayi den kalakon, nyingkir ana jubriya kibire, lan sumungah aja anglakoni.

Terjemahan :

Patuhilah nasihat utama dinda, semoga terlaksana, singkirkan watak congkak dan takabur, dan jangan pula angkuh.




sumber :alang-alang kumitir

asma hatif

1. SYAROHIYAN BARHUTA yang artinya dalam bahasa arab adalah AL-Khobiru Al-Mubinu
Allamul Ghuyub, Asma Syarohiyan Barhuta di baca tiap malam 1129x selama 7 hari di mulai hari mingu tanpa riyadhoh/kholwat,tapi disertai puasa biasa, Setelah sempurna 7 hari maka akan duduk di hadapan anda seorang khodim yang akan member khabar tentang apa –apa yang ada di dalam hati anda 

2. SYANMUTA WATOBUGHIN WAFAGUGHIN yang artinya dalam bahasa arab adalah : AlA’limu
Al-A’llamu,Asma’Syanmuta wa tobughin wafagughin di baca tiap malam 3895x selama 21 hari di sertai puasa biasa pada siangnya, setelah sempurna 21 hari, maka akan ada seorang khodam yang akan memberitahu tentang kabar-kabar yang anda inginkan

3. SAIGUBIN WA SHOIGUBIN yang artinya dalam bahasa arab Allamul Ghuyub, Asma’
Saigubin wa Shoigubin dibaca tiap malam 2092x selama 28 hari di sertai puasa biasa pada siangnya, maka setelah sempurna 28 hari akan datang seorang Khodam secara terlihat langsung yang akan memberitahukan tentang kejadian-kejadian sepanjang tahun.

4. SARUHIN AYLATIN NUUDIN yang artinya dalam bahasa arab Al-A’limu Al-Wahhabu,
Asma’ Saruhin Aylatin Nuudin di baca 100x ba’da sholat Fardu selama 40 hari disertai puasa biasa pada siangnya setelah sempurna 40 hari maka aka nada seorang khodam yang akan memberitahu tentang kabar-kabar yang anda inginkan.

5. SYAIRUMIN WA NUDAJIN WA FAYFUGIN yang artinya dalam bahasa arab Al-Khobiru
Al-Hadi Al-Fattahu, Asma Syairumin wa Nudajin wa fayfugin di baca tiap malam 1801x selama 14 hari disertai puasa biasa, setelah sempurna 14 hari maka aka nada seorang khodam yang akan memberitahu anda tentang berita-berita yang anda inginkan.

6. SAITORUBIN HAYBURIN SYAHUHIN MAYSARIN yang artinya dalambahasa arab Dzul
jalali wal ikrom, asma’ di atas dibaca tiap malam 1137x selama 12 hari , setelah itu aka nada seorang khodam yang akan memberitahu tentang kabar-kabar yang terbersit di dalam hati anda

7. SYAMROUSYIN SYAHULIN BAIDARIN MAMTASYALIN yang artinya dalam bahasa
arab dalah : Al-Hadi Al-Khobiru Al-mubinu Allamul Ghuyub,Asma’ di atas dibaca tiap malam 2214x tiap dapat seribu bacaan membaca do’a dibawah ini :

YA DAYMUSA IHDINI YA HADI WA AHBIRNI YA KHOBIRU WA BAYYIN LI YA
MUBINU WA ALLIMNI YA ALLAMUL GHUYUB BIMA YAQO’U FI HADZIHIS SA’AH
MIN KHIRIN WA SYARRIN 

Di dawamkan amalan ini selama 20 malam tanpa puasa setelah sempurna 20 hari maka aka
nada seorang khodam dari golongan ruhanni yang akan memberikan kabar tentang yang anda
inginkan



sumber: ilmu warisan leluhur

KLINIK CENAYANG STROOM09

KLINIK CENAYANG STROOM09
KLINIK CENAYANG STROOM09

pengunjung

RENTAL MOBIL CIREBON

RENTAL MOBIL CIREBON
RENTAL MOBIL CIREBON,TAXI ONLINE CIREBON,SEWA MOBIL CIREBON MINAT HP/WA :089537731979

Total Tayangan Halaman